Jumat, 03 Agustus 2007

Ra melu nyonggo, nyacat !?

Lamun siro datan kerso melu nyonggo
Luwih becik ora kakehan suworo olo
Tinimbang nyacat, meneng luwih utomo
Lamun pengin nyuworo, wetokno donga

Kapribaden Pemimpin

Dadiya pemimpin ngono kang wicaksono
Pinter angon rembug olah rasa
Ojo ngunggulake pribadi ngremehake liyan
Opo maneh demen nyacat

Terwoco
Menowo paring prentah kudu sing terwoco
Jlentreh runtut ing pangandiko
Yen tinulis jelas ora dadi salah tompo
Saenggo tumindake ugo tumoto
Kasil lir ing sambe kolo

Ora demen ngundomono
Dene kok isih ono rubedo
Ojo gampang-gampang nyalahake
Ditliti sebabe opo

Menowo amargo sing mlaku iki salah ing panompo
Becik balekno neng awakiro pribadi
Banjur dijlentrehake maneh nganti pono
Menowo amargo salah tata
Dilempengake lan diawati kareben ora sembrono
Ojo malah dionyo-onyo amarga nglarakake rasa
Mundak dadi sulaya ora guna

Sareh . . .

Lamun siro bedo panemu dirembug sing becik kanthi sareh
Naliko dredeg adu landeping pikir ojo dikantheni nepsu
Menowo karoso kalebon nepsu becik sigeg pangadikanmu kareben lerem
Salin rembug selani ngunjuk
Lamun kedarung nesu ora keno mbacut mundak padudon
Becike salin wektu

Yen kepekso kudu rampung wektu iku uga
Penggalihe kudu ditata dipun emut tujuane opo
Pangandikane ditata diati-ati ojo nusuk rasaning liyan
Awit menowo awak wus kesel roso wus kebak pikir wus bunek
Sopo wae gampang muntap kanepsone

Ananging menowo wus kebacut kalebon nepsu
Wus ora bisa suwolo kudu golek wektu liyo
Menowo dipekso biso dadi suloyo
Dene kok isih bisa lerem raep diteruske sumonggo
Ananging kang kudu dieling ojo nganti maju asto
Awit saktemene kahanan wus angel ditata